- Wajik Klethik Gula Abang
Aja suthik yen tumandang
- Godhong Kecipir Mrambat Kawat
Najan gak mampir nanging liwat
- Kembang Jagung Dipethik Cina
Barang wis kadhung dikapakna
- Manuk Emprit Menclok Godhong Tebu
Dadi murid sing sregep sinau
- Manuk Kutut Manggunge Ngganter
Yen ra nurut bisa keblinger
Baca Juga: Indonesia Menjadi Salah Satu Negara dengan Pencarian Shuumatsu no Harem Terbanyak, Nomer berapakah?
- Yen Kembang Kembange Kacang, Dudu Kembange Puspa Nyidra
Sih cilik dikudang-kudang bareng gedhe gawe rekasa
- Yen Kembang Kembange Lamtara, Dudu Kembang Wora-Wari
Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati-ati
- Esuk Nyuling Sore Nyuling, Sulinge Arek Surabaya
Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
- Awan-awan Aja Keluyuran, Ana Pak Mantri Numpak Sekuter
Kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter