PORTAL NGANJUK – Paribasan atau peribahasa dalam Bahasa Jawa hampir sama hal nya dengan peribahasa dalam Bahasa Indonesia.
Paribasan merupakan rangkaian kata atau istilah yang memiliki makna sebagai ungkapan atas sesuatu hal.
Tardapat banyak paribasan atau peribahasa dalam Bahasa Jawa yang saat ini sangat jarang diketahui masyarakat.
Bahkan masyarakat Jawa sendiri saat ini juga sudah sangat jarang yang mengetahui tentang paribasan ini.
Berikut adalah daftar paribasan atau peribahasa dalam Bahasa Jawa lengkap mulai dari huruf A sampai C.
HURUF AWALAN A
- Adhang-adhang tetese embun
Njagakake barang mung sak oleh-olehe
- Adigang, Adigung, Adiguna
Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kepinterane
- Aji Godhong Garing
Wis ora ana ajine
- Ana Catur Mungkur
Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
- Ana Daulate Ora Ana Bagjane
Arep nemu kabegjan, ning ora sido
Baca Juga: Infinix Note 11 Pro TURUN HARGA! Ini Spesifikasi Lengkap dan Update Harga Terbaru di Tahun 2022
- Ana Gula Ana Semut
Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
- Anak Polah Bapak Kepradah
Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
- Anggenthong Umos
Wong kang ora bisa nyimpen wewadi
- Angon Mangsa
Golek waktu kang prayoga kanggo tumindak
- Angon Ulat Ngumbar Tangan
Ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong
- Arep Jamure Emoh Watange
Gelem kepenake ora gelem rekasane
- Asu Rebutan Balung
Rebutan brang kang sepele
- Asu Belang Kalung Wang
Wong Asor Nanging SugihBaca Juga: Spesifikasi Lengkap dan Harga Oppo Reno 6 5G, HP Anak Muda Dibekali AMOLED Gorilla Glass 5 dan Dimensity 900
- Asu Gedhe Menang Kerahe
Wong kang dhuwur pangkate, mesthi bae luwih gedhe panguwasane
- Asu Marani Gepuk
Njarang marani bebaya
- Ati Bengkong Oleh Oncong
Wong duwe niyat ala oleh dalan
HURUF AWALAN B
- Baladewa Ilang Gapite
Ilang kakuwatane/kaluhurane
- Banyu Pinerang Ora Bakal Pedhot
Pasulayane sedulur ora bakal medhotake paseduluran
- Bathang Lelaku
Lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
- Bathok Bolu Isi Madu
Wong asor nanging sugih kapinteran
- Blaba Wuda
Saking lomane nganti awake dewe ora keduman
- Bebek Mungsuh Mliwis
Wong pinter mungsuh padha wong pinter
- Becik Ketitik Ala Ketara
Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
- Belo Melu Seton
Manur grubyuk ora ngerti karepe
- Beras Wutah Arang Bali Menyang Takere
Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
- (M) bidung Api Rowang
Ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
- Blilu Tau Pinter Durung Nglakoni
Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.
- Bubuk Oleh Leng
Wong duwe niyat ala oleh dalan
- Bung Pring Petung
Bocah kang longgor (gelis gedhe)
- Buntel Kadut, Ora Kinang Ora Udut
Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut (rokok)
- (M) buru Uceng Kelangan Dheleg
Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
- Busuk Ketekuk, Pinter Keblinger
Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
HURUF AWALAN C
- Carang Canthel
Ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
- Car-cor Kaya Kurang Janganan
Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
- Cathok Gawel
Seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
- Cebol Nggayuh Lintang
Kekarepan kang mokal bakal kelakon
- Cecak Nguntal Cagak
Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
- Cedhak Celeng Boloten
Cedhak karo wong ala bakal katut ala
- Cedhak Kebo Gupak
Cedhak karo wong ala bakal katut ala
- Ciri Wanci Lelai Ginawa Mati
Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
- Cincing-cincing Meksa Klebus
Karepe ngirid nanging malah entek akeh
- Criwis Cawis
Seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki
- Cuplak Andheng-andheng, Yen Ora Pernah Panggonane Bakal Disingkirake
Wong kang njalari ala becike disingkirake
Itulah daftar paribasan atau peribahasa dalam Bahasa Jawa lengkap dari A sampai C terbaru.***